Entri Populer

Senin, 21 April 2014

Eling



Eling

Ing jaman kang saya maju
Jaman kang dikebaki sakakehing kapenginan
Kapenginan anggayuh cita donya
Tanpa kendhat ing gawe
Ananging..
Sak becike aja nganti kelalen
Lali uriping bebrayan
Lali sejatining manungso
Lali sangkan paraning dumadi
Elinga...
Kapenginan kang saka nepsu blaka iku
Anamung ngadohake karo Gusti Kang Agung
Ora bakal pikantukan untung
Samestine kudu tekad siji
Tekad siji, madhep mantep ngabekti
Ngabekti marang satitahe Gusti

Yogyakarta,   April 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar