Entri Populer

Senin, 21 April 2014

Marga



Marga

Kasebut ing Serat Dewa Ruci
Kayu Gung Susuhing Angin
Kaliyan Tirta Prawita sari
Kayu ateges kajeng
Gung ateges agung, gedhe
Susuh ateges papan panggonan
Angin ateges napas
Karepan sing gedhe iku manggone ora liya yo ing dhadhane dhewe
Tan golekan ing kono kene
Sejatine ing jero awak iki ana daya saka Gusti
Yen kepengin urip ayem tentrem
Golekana ing jero raga lan atimu
Golekana kanthi olah rasa
Kanggo nggayuh Tirta prawita sari
Yaiku banyu sing nguripi
Lakune aja grusa-grusu
Kudu sabar lan telaten
Saka marga utama, dibanjurke malioboro
Yen wis malioboro kudu marga mulya
Mugi-mugi pikantukan sing jenenge pangurahan...

Yogyakarta, 11 April 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar